Kidung Pangadhuh 1:5-18 Kitab Sutji (JAV)

5. Para mungsuhe padha nguwasani,lan satrune padha seneng-seneng.Pranyata Sion diganjar kasusahan dening Pangeran Yehuwah,marga akeh panerake;anak-anake padha lumaku ana ing ngarepe satrunekayadene tawanan.

6. Putri ing Sion wus koncatankamulyane kabeh,para pemimpine padha kaya menjangankang ora nemu panggonan kanggo nyenggut;nglentroh anggone lumaku,ana ing ngarepe kang ngoyak-oyak.

7. Ing dinane kasangsaran lan kasusahanYerusalem kelinganmarang sakehing raja-branakang dadi duweke dhek biyen;nalika wonge katelukake dening mungsuh,lan ora ana kang mitulungi,para satrune padha nyawang lan padha gumuyu,marga saka karusakane.

8. Yerusalem banget anggone gawe dosa,satemah kaanane najis;kabeh kang biyen padha ngajeni, saiki padha ngremehake,marga weruh anggone kawudan;Yerusalem dhewe sambat-sambatkambi mungkur.

9. Kanajisane kelet ing poncoting jubahe,wus ora mikir bab bakal wekasane,anggone tiba kanteb banget,ora ana wong kang nglipur.“Dhuh Yehuwah, mugi karsaa mirsani kasangsaran kawula,margi pun mengsah ngegungaken badanipun piyambak.”

10. Si satru gumrageh tanganemarang raja-branane Yerusalem kabeh,malah Yerusalem ndeleng para bangsaanggone padha lumebu ing papan pasucene,mangka Paduka, dhuh Yehuwah, sampun ngawisi tiyang-tiyang punika,boten kenging lumebet ing pasamuwan Paduka.

11. Wong saisine Yerusalem kabeh padha sambat-sambat,padha golek roti;raja-branane diijolake pangan,kanggo nyambung uripe.“Dhuh Yehuwah, mugi karsaa mirsani,dene samanten kanisthan kawula.

12. Heh kowe kang padha liwat,apa kowe ora padha mreduli?Sawangen lan tamatna, apa ana kasusahan kayakang ditandukake dening Pangeran Yehuwah marang aku,supaya aku nandhang sedhih banget,nalika bebendune mulad-mulad?

13. Panjenengane ngintunake geni saka ing dhuwur,kang manjing ing balung-balungku;Panjenengane masang jaring ana ing ngarepe sikilku,aku didhesek mundur,sarta aku digawe kaget,lan kelaran nganti sadina muput.

14. Sakehing panerakku iku pasangan kang abot,sawijining bebuletan, damelaning astane Pangeran,kang ditumpangake ana ing guluku,satemah njalari enteking kakuwatanku.Pangeran wus ngulungake aku marang ingtangane para wong kang aku ora kaconggah nandhingi.

15. Pangeran wus mbucal sakehe para gegedhugkukang ana ing wewengkonku.Pangeran wus damel pista kanggo nglawan marang aku,kanggo nyirnakake para wong nonomanku.Pangeran wus ngidak-ngidak putri Yehuda, para kenya,kaya patrape ngiles-iles meres anggur.

16. Marga saka iku aku nangis,mripatku ngetokake luh carocosan,awitdene juru panglipur kang bisanglejarake atiku wus adoh;anak-anakku padha bingung,marga si satru rosa banget.”

17. Sion ngegarake tangane,nanging ora ana wong kang nglipur;Pangeran Yehuwah wus nglempakake tangga-tanggane,supaya padha nglawan marang Yakub.Yerusalem wus dadi najis,ana ing satengahe mungsuh-mungsuh mau.

18. “Pangeran Yehuwah iku kang leres,awit aku wus mbalela marang pangandikane;heh sakehe bangsa, padha rungoknalan sawangen prihatinku,para wong nonomanku lanang lan wadonwus padha lunga dadi tawanan.

Kidung Pangadhuh 1