Kaimaman 26:7-11 Kitab Sutji (JAV)

7. Mungsuhira bakal sira oyak-oyak, lan bakal padha tiwas ana ing ngarepira dening pedhang.

8. Wong lima panunggalanira bakal padha mburu wong satus lan wong satus panunggalanira bakal padha mburu wong sepuluh ewu, sarta mungsuhira bakal padha tiwas kabeh dening pedhang ana ing ngarepira.

9. Anadene Ingsun bakal enget marang sira lan ndadekake sira bebranahan sarta tangkar-tumangkar, tuwin Ingsun bakal netepake prasetyaningSun klawan sira.

10. Sira bakal isih padha mangan tandhon pangan saka panen kang dhisik, lan kang dhisik iku lagi sira wetokake, manawa kang anyar wus sira simpen.

11. Apamaneh Ingsun bakal mrenahake Tarub SuciningSun ana ing tengahira, lan panggalihingSun ora bakal kemba mirsani sira.

Kaimaman 26