14. Nanging manawa sira padha ora ngrungokake marang Ingsun, lan ora ngestokake sakehe pepakoningSun,
15. manawa sira padha nampik marang katetepaningSun lan atinira padha jeleh ngrungokake pranataningSun, nganti sira padha ora ngestokake pepakoningSun, sarta padha mbubrah prasetyaningSun,
16. Ingsun iya bakal nandukake iki marang sira, yaiku Ingsun bakal nekakake pagiris marang sira, watuk sarta panastis, kang nganti ngrusak mripat, lan nyawanira nglambrang; tanpa guna anggonira padha nyebar wijinira, marga pametune bakal dipangan dening mungsuhira nganti entek.
17. Ingsun piyambak bakal nglawan marang sira, nganti sira bakal padha kasoran ana ing ngarepe mungsuhira; para kang nyengiti sira iku kang bakal nguwasani sira, sira bakal padha keplayu, sanajan ora ana kang mburu marang sira.
18. Anadene manawa ana ing kaanan kang kaya mangkono iku, sira meksa isih padha ora ngrungokake dhawuhingSun, Ingsun bakal maringi pamerdi marang sira luwih dening abot, nganti tikel pitu, marga saka dosanira,
19. sarta Ingsun bakal mutung pangwasanira kang gumunggung, lan langitira bakal Sundadekake kaya wesi, lan buminira kaya tembaga,
20. temahan rekasanira bakal tanpa tuwas babar pisan; buminira bakal ora metokake asil, lan wit-witan ing tanahira ora bakal awoh.
21. Manawa uripira isih tetep nyulayani marang karsaningSun lan ora gelem ngrungokake dhawuhingSun, bakal saya akeh tambahing paukumaningSun marang sira nganti tikel pitu, laras kalawan dosanira.
22. Ingsun bakal nguculake buron alas ana ing tengahira, kang bakal mangsa anakira lan numpes raja-kayanira, ndadekake cacahira mung kari sathithik, temah dalanira dadi sepi mamring.
23. Manawa ing sajroning kaanan kang kaya mangkono iku, sira meksa durung kapok marang pamerdiningSun, lan lakunira isih terus nyulayani karsaningSun,
24. Ingsun iya bakal tumandang nglawan marang sira tuwin Ingsun piyambak bakal ngukum marang sira nganti tikel pitu marga saka dosanira.
25. Ingsun bakal nekakake pedhang marang sira, kang bakal nibakake piwales marga saka prasetyan iku; dene samangsa sira ing tembe padha klumpukan ana ing kutha-kuthanira, Ingsun bakal nekakake pageblug ana ing tengahira, lan sira bakal Sunulungake marang tangane mungsuhira.
26. Samangsa Ingsun nyirnakake tandhoning panganira, nuli wong wadon sepuluh bakal padha mbakar roti ana ing paroten siji. Banjur mbalekake rotine marang sira miturut bobote, temah anggonira padha mangan bakal ora nganti wareg.
27. Manawa ing sajrone kaanan kang kaya mangkono iku sira isih meksa padha ora ngrungokake dhawuhingSun, lan lakunira isih tetep nyulayani karsaningSun,
28. Ingsun iya bakal tumindak nglawan marang sira kalawan keras lan Ingsun piyambak bakal ngajar marang sira nganti tikel pitu, marga saka dosanira.
29. Sira bakal padha mangan daginge anak-anakira lanang lan anak-anakira wadon.
30. Punthuk-punthuk pepundhenira bakal Sungempuri, lan sakehe padupanira bakal padha Sunbubrah. Sarta jisimira bakal Sununcalake tumumpang ing bathanging brahalanira, sarta panggalihingSun bakal bosen mirsani sira.