3. Sajroning nem taun lawase sira nyebarana buminira, lan sajroning nem taun sira ngethokana pucuke tanduranira anggur, sarta ngundhuhana pametune tanah iku,
4. nanging taune kang kapitu, iku sabat tumrap tanah iku, wayah ngaso babar pisan, iya sabat sumaos marang Pangeran Yehuwah; buminira aja sira sebari lan tanduranira anggur aja sira kethoki pucuke.
5. Sarta apa bae kang thukul dhewe saka buminira iku, aja sira eneni lan wohe tanduranira wit anggur kang ora sira tutuhi iku, aja sira undhuhi. Taun iku dadia taun pangasoan babar pisan tumrap tanah iku.
6. Pametune tanah sajrone sabat iku padha sira pangana, iya sira, iya baturira lanang lan wadon lan buruhira apadene wong liya bangsa kang padha manggon awor karo sira.
7. Iya kanggo raja-kayanira lan sato-kewan alasan kang ana ing tanahira, sapametune kabeh iku dadia pakane.
8. Sira banjur ngetunga pitung taun sabat, yaiku pitung taun ping pitu, dadi pitung pendhak taun sabat mau padha karo patang puluh sanga taun.
9. Sawuse mangkono nuli ing sasi kapitu tanggal ping sapuluh, ing dina riyaya pirukun, sira ndlajahana ing satanahira kabeh karo ngunekna kalasangka.
10. Taune kang kaping seket iku sira sucekna, lan ngundhangna kamardikan marang wong saisine nagara kabeh; taun iku padha kagawea Taun Yobel, saben wong panunggalanira padha balia menyang palemahane kang dadi darbeke lan kulawargane.
11. Taun kang kaping seket iku padha sira dadekna Taun Yobel, sira aja padha nyebar wiji, lan apa kang bakal thukul dhewe, aja sira eneni, sarta aja padha ngundhuhi wohe wit anggur kang ora kokkethoki pucuke.
12. Awitdene iku Taun Yobel iku suci tumrap sira; kang dadi panganira apa kang sira undhuh saka ing pategalanira.
13. Ing Taun Yobel iku saben wong panunggalanira ngulihana kang dadi ebeke.
14. Manawa sira ngedol sadhengah apa marang pepadhanira, utawa tuku apa bae saka pepadhanira, aja ana kang gawe kapitunan.
15. Manawa tuku saka pepadhanira iku mituruta cacahing taun, sawuse Taun Yobel, lan pepadhanira anggone ngedol marang sira mituruta cacahing taun panen.
16. Saya akeh cacahing taun, saya larang regane, saya sathithik taune, saya murah regane; awitdene kang diedol marang sira iku cacahing panen.
17. Dadi aja ana kang gawe pitunane pepadhane, nanging sira wedia marang Allahira; awitdene Ingsun iki Yehuwah, Allahira.
18. Kaya mangkono anggonira kudu nglakoni katetepaningSun lan tansah padha gondhelan marang pranataningSun, temah sira bakal padha manggon ing kana kanthi ayem lan tentrem.
19. Tanah iku bakal metokake wohe, lan sira padha mangan nganti wareg, lan pamanggonira ana ing kono bakal kanthi ayem lan tentrem.
20. Saupama sira padha takon: Apa kang bakal padha dakpangan ing taun kang kapitu iku? Aku rak padha ora kalilan nyebar lan ora kena nglumpukake pametuning tanah!
21. Ing kono Ingsun bakal ndhawuhake berkahingSun marang sira ing taun kang kaping nem; temah bakal metokake kang nyukupi kanggo telung taun.
22. Ing taun kang kaping wolu, sira bakal padha nyebar, nanging sira bakal padha mangan pametu kang dhisik nganti tumeka taun kang kaping sangane; nganti salebune pametune iku, sira isih bakal padha mangan kang dhisik.”