1. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:
2. “Wong Israel padha sira prentahana supaya padha ngladekna lenga jaitun dheplokan kang tulen marang sira kanggo padamaran, supaya damare kena dipasang lan tansah murub.
3. Harun kudu tansah njaga damar-damar iku ana ing sangarepe geber kang ngaling-alingi papan angger-anggering Allah ing jero Tarub Pasewakan, wiwit wayah sore tumeka esuke, ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah. Iku pranatan kang kanggo ing salawase tumrap sira turun-tumurun.
4. Padamaran mas murni iku damar-damare kudu tansah dijaga ana ing ngarsane Sang Yehuwah.
5. Karomaneh sira njupuka glepung gandum pilihan lan kagawea roti bunder rolas iji. Roti siji rong prasepuluh efa.
6. Iku banjur katataa ana ing meja mas murni ing ngarsane Pangeran Yehuwah dadi rong tumpuk, dadi satumpuke nem iji.
7. Saben satumpuk dokokana menyan kang tulen; menyan iku dadia pangenget-enget tumrap ing roti mau, yaiku kurban genenan kang kasaosake marang Pangeran Yehuwah.