Kaimaman 23:5-16 Kitab Sutji (JAV)

5. Ing sasi kapisan tanggal ping pat belas ing sasi iku, ing wayah sore iku Paskah kagem Sang Yehuwah.

6. Ing sasi iku tanggal ping limalas iku dadi riyayane roti tanpa ragi sumaos marang Sang Yehuwah; pitung dina lawase sira padha mangana roti tanpa ragi.

7. Ing dinane kang kapisan sira padha nganakna parepatan suci, sira aja nglakoni pagawean kang abot.

8. Pitung dina lawase sira padha nyaosna kurban genenan marang Pangeran Yehuwah; ing dinane kang kapitu iya nganakna parepatan suci, sira aja padha nglakoni pagawean kang abot.”

9. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:

10. “Sira ndhawuhana marang wong Israel lan tutura: Samangsa sira wus lumebu ing tanah kang bakal Sunparingake marang sira, saben bubar panen, wiwitaning panenanira sabentel sira ladekna marang imam,

11. bentelan iku banjur digoyangake dening imam ana ing ngarsane Sang Yehuwah, supaya Sang Yehuwah rena marang sira. Anggone nggoyangake ing dina sawuse sabat.

12. Karodene ing dinane anggonira nggoyangake bentelan iku, sira nyawisna wedhus gembel siji kang tanpa cacad umur setaun; kanggo kurban obaran kobjuk marang Pangeran Yehuwah,

13. karo kurbane dhaharan arupa glepung gandum pilihan rong prasepuluh efa diwori lenga, minangka kurban genenan, iku ganda kang gawe rena, sarta kurbane unjukan arupa anggur saprapat hin.

14. Nganti tumeka ing dina iku sira aja padha mangan roti, gandum gorengan sangan utawa gandum anyar, nganti tumeka anggonira wus padha nyaosake kurbane Allahira mau; iku pranatan kang kanggo ing salawase tumrap sira turun-tumurun ana ing sakehe papan panggonanira.

15. Esuke sawuse dina sabat iku, iya iku dinane anggonira padha ngladekake bentelan pisungsung goyangan mau, sira padha ngetunga pitung minggu wutuh;

16. sira ngetunga nganti tumeka ing dina sawuse sabat kang kaping pitune, iku seket dina, nuli sira padha nyaosna kurban dhaharan anyar konjuk marang Sang Yehuwah.

Kaimaman 23