Kaimaman 23:30-44 Kitab Sutji (JAV)

30. Mangkono uga saben wong kang nindakake pagawean apa-apa ing dina iku, wong iku bakal Sunsirnakake saka ing satengahe bangsane.

31. Sira aja padha nindakake pagawean; iku pranatan kanggo ing salawase tumrap sira turun-tumurun, ana ing ngendi bae padununganira.

32. Iku kadadekna sawijining sabat, dina ngaso babar pisan sarta sira ngesorna awakira kalawan puwasa. Wiwit saka malem tanggal sanga sasi iku, ing wayah suruping srengenge tumeka wayah suruping srengenge, sira padha ngriyayakna sabatira.”

33. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:

34. “Sira ndhawuhana marang wong Israel, mangkene: Ing sasi kapitu mau tanggale ping limalas, iku dina riyaya tarub kagem Pangeran Yehuwah lawase pitung dina.

35. Ing dinane kang kapisan sira nganakna kumpulan suci, sira aja padha nglakoni pagawean kang abot.

36. Pitung dina lawase sira padha nyaosna kurban genenan marang Sang Yehuwah lan ing dina kang kawolu sira padha nganakna kumpulan suci sarta nyaosna kurban genenan marang Pangeran Yehuwah. Iku dina gedhe kumpulan, ing dina iku sira aja nglakoni pagawean kang abot.

37. Iku mau dina-dina riyaya kang ditetepake dening Pangeran Yehuwah kang kudu padha sira undhangake dadi dina kumpulan suci, sarta sira padha nyaosna kurban genenan marang Sang Yehuwah, yaiku kurban obaran lan kurban dhaharan, kurban sembelehan lan kurban unjukan, saben dina kehe miturut kang wus ditetepake kanggo ing dina iku.

38. Iku mau kabeh durung kalebu dina-dina Sabate Pangeran Yehuwah, lan pisungsung-pisungsungira apadene sakehe kurban punaginira, kurbanira manasuka kang arep sira saosake marang Pangeran Yehuwah.

39. Nanging ing sasi kapitu tanggale ping limalas, ing waktu nglumpukake pametune buminira, ing kono sira padha nganakna pahargyan sumaos marang Pangeran Yehuwah pitung dina lawase; dinane kapisan iku dina ngaso babar pisan, mangkono uga dinane kawolu, iku uga dina ngaso babar pisan.

40. Ing dinane kapisan sira goleka woh-wohan kang becik-becik, papah-papah kurma, apadene carang-carange wit-witan kang ngrembuyung sarta wit gandarasa lan padha bungah-bungaha ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Allahira, pitung dina lawase.

41. Sira padha ngriyayakna iku minangka pahargyan sumaos marang Pangeran Yehuwah, saben taun pitung dina lawase. Iku pranatan kanggo ing salawase tumrap sira turun-tumurun. Iku sira riyayakna ing sasi kang kapitu.

42. Pitung dina lawase sira padha manggona ing rerekan tarub, saben wong Israel asli padha manggona ing pepethan tarub iku,

43. supaya turunira padha sumurup, yen wong Israel iku padha Sunpanggonake ana ing tarub-tarub, nalika wus padha Sunentasake saka ing tanah Mesir; Ingsun iki Yehuwah Allahira.”

44. Kaya mangkono dhawuhe Pangeran Yehuwah bab dina-dina gedhe kang katetepake dening Pangeran Yehuwah, kang kaundhangake dening Nabi Musa marang wong Israel.

Kaimaman 23