8. Bathang lan sisane kewan galak, aja dipangan, supaya aja ndadekake najise marga saka kang mangkono iku; Ingsun iki Yehuwah.
9. Kang iku para imam kudu padha netepi apa kang dadi kawajibane marang Ingsun, supaya aja nganti padha nandhang dosa marga saka iku, temah padha mati, awit ngremehake kasucening kuwajibane; Ingsun iki Yehuwah kang nucekake.
10. Umum aja mangan pisungsung sengkeran, mangkono uga wong neneka kang mondhok ana ing panggonane imam lan wong buruh.
11. Nanging manawa ana wong kang wus dituku dening imam sarana dhuwite banjur dadi bature tukon, iku kalilan padha melu mangan, mangkono uga kang padha lair ana ing omahe.
12. Manawa anake wadon imam sesomahan karo wong umum, iku aja melu mangan pisungsung-mligi saka sabarang pisungsung sengkeran.
13. Nanging manawa anake wadon iku wus randha utawa pegat lan ora duwe anak sarta wus mulih menyang ing omahe bapakne kaya nalika isih prawan, iku kalilan melu mangan pangane bapakne; balik wong umum aja ana kang melu mangan iku.
14. Saupama ana wong kang mangan pisungsung suci tanpa kajarag, iku nglironana marang imam nganggo diimbuhi sapralimane.
15. Para imam aja nganti nyawiyah pisungsunge sengkeran wong Israel kang padha dipisungsungake marang Yehuwah,
16. marga tindak kaya mangkono iku nekakae kaluputan marang wong Israel kang kudu katebus, yen ngantia padha mangan pisungsunge kang suci iku mau; awitdene Ingsun iki Yehuwah kang nucekake.”
17. Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Musa:
18. “Sira ndhawuhana marang Harun lan anak-anake sarta sakehe wong Israel, iku padha sira tuturana: Sapa bae ing antarane umat Israel lan para wong kang mondhok ana ing Israel, samangsa nyaosake pisungsunge, dadia kang arupa pisungsung punagi utawa pisungsung manasuka, kang arep disaosake marang Pangeran Yehuwah minangka kurban obaran,
19. supaya ndadekake keparenge Sang Yehuwah, pisungsung iku kudu tanpa cacad, iku kudu sapi kang lanang tanpa cacad, wedhus gibas utawa wedhus berok.
20. Apa kang ana cacade aja sira pisungsungake, awitdene iku ora ndadekake keparenge Pangeran Yehuwah.
21. Karodene samangsa ana wong nyaosake kurban slametan marang Pangeran Yehuwah arupa sapi utawa wedhus kanggo ngluwari punagi kang mligi utawa minangka pisungsung manasuka, iku kudu kang tanpa cacad, supaya ndadekake keparenge Pangeran Yehuwah, awake aja ana cacade sathithik-thithika.
22. Kewan kang picak utawa kang tugel balunge, kang tatu utawa kang wudunen, kang korengen utawa gudhigen, iku aja sira saosake marang Pangeran Yehuwah; kewan kang kaya mangkono iku aja sira ladekake dadi kurban genenan ana ing misbyah konjuk marang Pangeran Yehuwah.