32. Dene imam kang wus dijebadi lan wus katetepake kaimamane nggenteni bapakne, iku nganakna pirukun; iku kudu nganggo sandhangan lena, sandhangan kang suci,
33. sarta banjur nganakna pirukun kanggo ing pasucen pinunjul, Tarub Pasewakan, lan kanggo misbyah, uga kanggo para imam lan kanggo wong sabangsa kabeh.
34. Iku dadia pranatan ing salawase tumrap sira, supaya setaun sepisan kaanakna karukunan kanggo wong Israel marga saka sakehe dosane.” Imam Harun tumuli nglakoni kaya kang dadi dhawuhe Pangeran Yehuwah lumantar Nabi Musa mau.