10. Nanging wedhus kang katiban undhi kanggo Azazel, iku diajokna isih urip ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, kagawea srana nganakake pirukun, nuli diuculna menyang ing pasamunan kanggo Azazel.
11. Harun tumuli nyaosna sapi lanang kurban pangruwating dosa kang kanggo awake dhewe lan kanggo nganakake pirukun tumrap awake dhewe lan kulawargane, sarta nyembeleha sapine lanang iku;
12. banjur njupuka padupan kaisenana mawa mengangah saka ing misbyah kang ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah nganti kebak, apadene njupuka dupa racikan wangi kang alus rong gegem digawaa lumebu menyang ing saburine geber.