6. Nanging manuk kang isih urip iku kajupuka bareng karo kayu eres, kain jingga lan isop iku mau, nuli kabeh iku dalah manuk mau dicelupna ing getihe manuk kang wus kasembeleh nganggo diungkulake ing banyu mili mau.
7. Sawuse mangkono imam banjur ngepyurna getih mau rambah kaping pitu marang awake wong kang arep dibirat najise mau, temah ditetepna resik; nuli manuk kang isih urip iku diuculna ana ing ara-ara.
8. Anadene wong kang bakal kabirat najise iku banjur ngumbaha sandhangane, kacukura rambute kabeh sarta adusa, temah birat najise. Sawuse mangkono kena lumebu ing palereban, nanging lereba ana ing sajabane tarube lawase pitung dina.
9. Ing pitung dinane kacukura maneh rambute nganti resik kabeh, rambut sirah, jenggot, alis, malah dalah wuluning badan kabeh kacukura, sandhangane kakumbaha, awake kaedusana, temah birat najise.