Kaimaman 14:25-38 Kitab Sutji (JAV)

25. Sawuse iku tumuli wedhuse kurban dhendha kasembeleha, sarta imam njupuka getihe sathithik kaleletna ing godhohing kupinge kang tengen wong iku lan ing jempolane tangane tengen apadene ing jempolane sikile kang tengen.

26. Sarta maneh lenga mau kaesokna sathithik dening imam ing epek-epeke tangane dhewe kang kiwa,

27. banjur lenga kang ana ing tangane kiwa mau kakepyurna klawan drijine tangan tengen, nganti rambah kaping pitu ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah.

28. Karodene lenga kang ana ing epek-epek mau salong kaleletna ing godhohing kupinge tengen wong kang kabirat najise, uga ing jempolane tangan tengen, sata jempolane sikil tengen, ing panggonan kang wus ana getihe kurban dhendha mau.

29. Turahane lenga kang ana ing epek-epeke imam mau kausapna ing sirahe wong kang bakal kabirat najise, kagawe nganakake pirukun tumrap wong mau ana ing ngarsane Sang Yehuwah.

30. Banjur deruke utawa piyike dara, endi kang disaosake dening wong mau manut kakuwatane,

31. kang siji kanggo kurban pangruwating dosa lan sijine kanggo kurban obaran kanthi kurban dhaharan. Mangkono imam anggone nganakake pirukun ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah tumrap wong kang bakal kabirat najise.

32. Iku mau angger-angger bab pambirate najise wong kang nandhang memala saraat kang sekeng.”

33. Pangeran Yehuwah ngandika maneh marang Nabi Musa lan Imam Harun:

34. “Samangsa sira wus padha lumebu ing tanah Kanaan kang bakal Sunparingake dadi ebekira, mangka ana ing tanah bakal ebekira iku ana omah kang Sunganjar memala saraat,

35. wong kang duwe omah iku kudu nemoni lan matur marang imam: Sajakipun ing griya kula kados wonten memalanipun saraat.

36. Imam banjur prentaha nyuwungake omah mau sadurunge mriksa tandha-tandha saraat iku, supaya aja nganti ndadekake najise samubarang kang ana ing jero omah kono. Sawuse mangkono imam tumuli tekaa mriksa omahe.

37. Manawa miturut papriksane imam, ing temboke omah iku, ana legok-legokan kang warnane semu ijo utawa semu abang, sawangane luwih jero tinimbang raening tembok liyane,

38. imam banjur metua saka ing omah iku menyanga ing ngarep lawang, sarta akona ngunci omah mau lawase pitung dina.

Kaimaman 14