10. Yen miturut papriksane imam kulite ana kang abuh, warnane putih, lan njalari wulune iya wus malih putih, mangka satengahe kang abuh mau ana daginge mendhukul,
11. iku memala saraat kang wus lawas ana ing kuliting badane, Mulane wong iku ditetepna najise dening imam, ora usah ndadak kakurung, marga pancen wus dadi najis.
12. Manawa memala saraat mau thukul warata ana ing kulit, nganti nutupi awake sakojur, wiwit ing sirah nganti tekan ing dlamakane, sapira kang bisa kasumurupan dening imam,
13. lan manawa pamriksane imam memala saraat iku wus mratani kulite wong mau ana ing awake sakojur, kang malanen mau banjur ditetepna ora najis, marga malane mau wus malih dadi putih kabeh; wonge dadine resik.
14. Nanging manawa ing malane iku katon ana daginge kang pendul, wonge dadi najis.
15. Manawa imam ndeleng daging kang pendul iku, wonge ditetepna najis; daging pendul iku najis, pancen iku memala saraat.
16. Nanging manawa daging pendul iku kempes lan malih dadi putih, wonge nuli sebaa marang ing ngarepe imam.
17. Manawa miturut papriksane imam malane wus malih dadi putih, kang malanen ditetepna ora najis dening imam, dhasar wus birat najise.
18. Manawa ing kuliting badane sawijining wong ana plenthunge kang wus waras,
19. mangka tilas panggonan kang mlenthung iku ana kang mendul putih utawa ana belange putih semu abang, wong iku nuli nyuwuna kapriksa dening imam.
20. Manawa miturut papriksane imam belange iku luwih jero tinimbang kulit liyane, lan wulune wus malih dadi putih, wonge katetepna najis dening imam. Iku memala saraat kang thukul ana ing tilas plenthung mau.
21. Nanging manawa imam anggone mriksa ora tinemu ana wulune putih lan belange ora luwih jero tinimbang kulit liyane, malah belange katon saya alum, wonge banjur kakurunga dening imam lawase pitung dina.
22. Manawa belange mau mremen menyang kulit liyane, wonge ditetepna dening imam yen najis, iku pancen memala saraat.
23. Nanging manawa belange mau ajeg ora mremen, iku tetep mung tilas plenthung, wonge katetepna resik dening imam.