7. Mangkono uga celeng, iku iya tracak belah, malah belahane dawa, nanging ora nggayemi, iku karam tumrap sira.
8. Daginge kewan-kewan iku mau aja sira pangan lan bathange aja sira gepok; kabeh iku karam tumrap sira.
9. Panunggalane kang urip ana ing banyu, ing sagara lan ing kali kang kena sira pangan, yaiku: sadhengah kang mawa kepet lan sisik, iku kabeh kena sira pangan.
10. Nanging sadhengah kang ana ing sagara lan ing kali kang tanpa kepet lan sisik, sarta maneh panunggalane kang padha uyel-uyelan pating krogel ana ing banyu, iku kabeh najis tumrap sira.
11. Rehne iku kabeh najis tumrap sira, sira aja mangan daginge, dene bathange kudu sira najisake.
12. Sadhengah kang urip ana ing banyu kang tanpa kepet lan sisik, iku najis tumrap sira.
13. Panunggalane manuk kang kudu sira najisake lan aja sira pangan amarga kabeh iku najis, yaiku: manuk garudha, manuk beri lan manuk wulung sagara,
14. manuk wulung abang lan manuk wulung ireng lan sapepadhane,
15. bangsa gagak lan sapepadhane,
16. manuk unta, manuk uwek, manuk dares lan bangsa alap-alap sapepadhane,
17. manuk kos, manuk salak lan manuk yansyuf;
18. manuk tinsemet, walang kadhak lan manuk rakham;
19. manuk khasidhah, manuk bango lan sapepadhane, manuk dukifat lan lawa.
20. Sarupane kewan gumremet mawa elar lan asikil papat iku padha najis tumrap sira.
21. Dene panunggalane bangsa gumremet kang mawa elar lan asikil papat, lan kajaba sikile papat isih ana suthange kanggo mencolot ana ing bumi, iku kena sira pangan.
22. Panunggalane kang kena sira pangan, yaiku: walang lan sapepadhane, walang gambar lan sapepadhane, bangsane walang kunir lan bangsane walang pari.