Kaimaman 11:22-33 Kitab Sutji (JAV)

22. Panunggalane kang kena sira pangan, yaiku: walang lan sapepadhane, walang gambar lan sapepadhane, bangsane walang kunir lan bangsane walang pari.

23. Liyane iku sadhengah gumremet kang mawa elar asikil papat iku najis tumrap sira.

24. Karodene kang kasebut iki bakal ndadekake najisira, saben wong kang nggepok bathange, bakal dadi najis tumeka suruping srengenge,

25. lan sing sapa nggawa saperangane bathange, iku ngumbaha sandhangane lan iya bakal najis tumeka suruping srengenge --,

26. yaiku sadhengah kewan kang tracake belah, nanging belahane ora dawa, sarta ora nggayemi, iku kabeh karam tumrap sira, lan sing sapa nggepok iku bakal dadi najis.

27. Samono uga panunggalane sarupane kewan sikil papat kang lumaku nganggo tlapakane, iku kabeh padha karam tumrap sira; sing sapa nggepok bathange, bakal dadi najis nganti tumeka suruping srengenge,

28. sarta sing sapa nggawa bathange, kudu ngumbah sandhangane, lan iya bakal dadi najis tumeka suruping srengenge. Iku kabeh padha karam tumrap sira.

29. Panunggalane bangsa kewan rumangkang kang kumruyuk ana ing bumi, kang karam tumrap sira, yaiku: tikus wuta, tikus, kodhok lan sapepadhane,

30. tekek, slira lan kawuk, khomet lan bunglon.

31. Iku kabeh padha karam tumrap sira, ana ing antarane sakehe kewan rumangkang nlosor. Sing sapa nggepok kewan-kewan iku samangsa wus mati, iku bakal dadi najis tumeka suruping srengenge.

32. Karomaneh sadhengah apa kang ketiban kewan mau samangsa wus mati, iku mesthi dadi najis: sakehing piranti kayu, sandhangan, lulang utawa bagor lan sadhengah piranti kang kanggo nindakake apa bae, iku kacemplungna ing banyu lan dadi najis tumeka suruping srengenge, sawuse mangkono bakal dadi resik maneh.

33. Nanging sadhengah wadhah grabah kang ketiban salah sawijine kewan iku, apa isine dadi najis, dene wadhahe kudu sira pecah.

Kaimaman 11