Kaimaman 11:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa lan Rama Harun, mangkene:

2. “Sira ndhawuhana marang wong Israel: Iki kewan kang kena sira pangan saka ing antarane kewan kang sikil papat kang ana ing dharatan:

3. Sadhengah kewan kang atracak belah, yaiku kang belahane dawa kang sarta nggayemi, iku kena sira pangan.

4. Nanging panunggalane kang nggayemi lan kang belah tracake, kang ora kelilan sira pangan, yaiku: unta, awit iku iya nggayemi, nanging ora atracak belah, iku karam tumrap sira.

5. Uga safan, iku uga nggayemi nanging ora tracak belah, dadi karam tumrap sira,

6. apadene truwelu, iku iya pancen nggayemi, nanging ora tracak belah, dadi karam tumrap sira.

7. Mangkono uga celeng, iku iya tracak belah, malah belahane dawa, nanging ora nggayemi, iku karam tumrap sira.

8. Daginge kewan-kewan iku mau aja sira pangan lan bathange aja sira gepok; kabeh iku karam tumrap sira.

9. Panunggalane kang urip ana ing banyu, ing sagara lan ing kali kang kena sira pangan, yaiku: sadhengah kang mawa kepet lan sisik, iku kabeh kena sira pangan.

10. Nanging sadhengah kang ana ing sagara lan ing kali kang tanpa kepet lan sisik, sarta maneh panunggalane kang padha uyel-uyelan pating krogel ana ing banyu, iku kabeh najis tumrap sira.

Kaimaman 11