Jabur 98:5-8 Kitab Sutji (JAV)

5. Padha ngidungna masmur kagem Pangeran Yehuwah kalawan clempung,kalawan clempung sarta lagu kang laras,

6. kalawan nafiri lan kalasangka kang nganyut-anyut,padha surak-suraka ana ing ngarsane Sang Prabu, yaiku Sang Yehuwah!

7. Segara saisine kareben padha gumuruh,mengkono uga, jagad dalah kang padha ngenggoni.

8. Kali-kali cikben padha keplok-keplok,lan gunung-gunung kareben padha surak-surak bebarengan

Jabur 98