4. He bumi kabeh, padha surak-suraka ana ing ngarsaning Yehuwah,padha bungah-bungaha, surak-suraka, lan ngidungna masmur!
5. Padha ngidungna masmur kagem Pangeran Yehuwah kalawan clempung,kalawan clempung sarta lagu kang laras,
6. kalawan nafiri lan kalasangka kang nganyut-anyut,padha surak-suraka ana ing ngarsane Sang Prabu, yaiku Sang Yehuwah!
7. Segara saisine kareben padha gumuruh,mengkono uga, jagad dalah kang padha ngenggoni.
8. Kali-kali cikben padha keplok-keplok,lan gunung-gunung kareben padha surak-surak bebarengan
9. ana ing ngarsaning Pangeran Yehuwah,awit Panjenengane rawuh ngadili bumi,jagad bakal diadili ing sabenere,tuwin para bangsa kalawan kabeneran.