3. Pangeran Yehuwah wus ngengeti ing sih-kadarmane lan kasetyane marang kulawargane Rama Israel,sakehing poncoting bumi wus padha weruh marang karahayon kang saka Allah kita.
4. He bumi kabeh, padha surak-suraka ana ing ngarsaning Yehuwah,padha bungah-bungaha, surak-suraka, lan ngidungna masmur!
5. Padha ngidungna masmur kagem Pangeran Yehuwah kalawan clempung,kalawan clempung sarta lagu kang laras,
6. kalawan nafiri lan kalasangka kang nganyut-anyut,padha surak-suraka ana ing ngarsane Sang Prabu, yaiku Sang Yehuwah!