Jabur 96:1-8 Kitab Sutji (JAV)

1. Padha ngluhurna Pangeran Yehuwah kalawan kidung anyar,he wong salumahing bumi, padha ngidunga kagem Pangeran Yehuwah!

2. Padha ngidunga kagem Sang Yehuwah, luhurna asmane,peparinge karahayon iku wartakna ing sadina-dina.

3. Padha nyaritakna kamulyane ana ing antarane para bangsa,lan kaelokane ana ing antarane sakehing suku bangsa.

4. Amarga Pangeran Yehuwah iku mahaagung lan banget pinuji-puji,sarta nggegirisi ngungkuli sakehing para allah.

5. Ujer sakehing allahe para bangsa iku tanpa guna,nanging Pangeran Yehuwah iku kang nitahake langit,

6. kaagungan lan kamulyan ana ing ngarsane,karosan lan kaurmatan ana ing papan pasucene.

7. He sakehing para suku bangsa, marang Pangeran Yehuwah,iya mung marang Pangeran Yehuwah kamulyan lan karosan iku!

8. Pangeran Yehuwah caosana kamulyaning asmane,nggawaa pisungsung lan sebaa marang ing platarane.

Jabur 96