Jabur 94:2-11 Kitab Sutji (JAV)

2. Dhuh Hakimipun jagad, mugi karsaa jumeneng,mugi karsaa ndhawahaken piwales dhumateng sarupining pandamelipun tiyang angkuh!

3. Ngantos sapinten dangunipun malih para tiyang duraka, dhuh Yehuwah,ngantos sapinten dangunipun malih tiyang duraka sami suka pari suka?

4. Tiyang-tiyang wau sami mutahaken tembung-tembung ingkang digsura,sarta sakatahahing tiyang ingkang nglampahi piawon sami gumunggung.

5. Dhuh Yehuwah, tiyang wau sami ngiles-iles umat Paduka,sarta para kagungan Paduka piyambak sami dipun tindhes;

6. sami nyembelehi randha lan tiyang neneka,tuwin mejahi lare lola;

7. sarta sami mungel makaten: “Pangeran Yehuwah ora nguningani,lan Allahe Yakub ora nggatosake.”

8. Heh, para wong kang bodho panunggalane rakyat, padha gatekna!Heh, para wong goblog, besuk apa anggonmu padha bisa mikir?

9. Gusti Allah kang masang kuping apa ora miyarsa?kang yasa mripat apa ora mirsani?

10. Kang maringi pamardi marang para umat, apa ora ndhawahake paukuman?Panjenengane kang mulangake kawruh marang manungsa?

11. Pangeran Yehuwah nguningani sakehing rancangane manungsa,iku kabeh sanyatane tanpa guna.

Jabur 94