Jabur 94:19-23 Kitab Sutji (JAV)

19. Manawi ing batos kawula saya mindhak kathah ingkang kawula manah;panglipur Paduka ingkang ngayemaken manah kawula.

20. Paduka punapa badhe nunggil kaliyan dhamparing piawon,ingkang ngrancang bilai adhedhasar katetepan?

21. Sami sakuthon nglawan dhateng nyawanipun tiyang mursid,lan rahipun tiyang ingkang boten lepat dipun wastani duraka.

22. Nanging Pangeran Yehuwah iku betengku kang santosa,sarta Allahku iku peparang pangungsenku.

23. Gusti Allah kang malesake pialane wong-wong mau,lan jalaran saka pialane bakal padha katumpes.Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, bakal nyirnakake wong-wong iku.

Jabur 94