4. kowe bakal dikemuli kalawan elare,bakal diayomi ing sangisoring siwiwine,kasetyane iku minangka tameng lan pager tembok.
5. Kowe ora usah wedi marang pagiris ing wayah bengi,marang panah kang lumepes ing wayah awan,
6. marang pageblug kang lumaku ana ing pepeteng,tuwin marang lelara pes kang ngamuk ing wayah sore.
7. Sanadyan ing sandhingmu ana wong kang ambruk sewu,sarta sepuluh ewu ana ing tengenmu,ewadene kowe dhewe ora bakal ketaman;
8. iku mung koksawang kalawan mripatmu dhewe bae,lan ndeleng piwales marang para wong duraka.
9. Amarga Pangeran Yehuwah iku dadi pangayomanmu,Kang Mahaluhur iku wus kokdadekake pangaubanmu,