Jabur 90:13-17 Kitab Sutji (JAV)

13. Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa wangsul, -- ngantos benjing punapa? --saha mugi karsaa melasi dhateng para abdi Paduka.

14. Mugi ing wanci enjing kawula sami Paduka tuwuki ing sih-susetya Padukatemah kawula lajeng sami surak-surak lan bingah-bingah salami kawula gesang.

15. Kawula mugi sami Paduka paringi kabingahan ingkang satimbang kaliyan dangunipun dinten-dinten anggen Paduka ngganjar karibedan,sarta satimbang kaliyan dangunipun taun-taun anggen kawula ngraosaken cilaka.

16. Pakaryan Paduka mugi sageda tiningalan dening para abdi Paduka,saha kamulyan Paduka dening anak-anakipun.

17. Kamirahaning Pangeran Allah kawula, mugi ngayomana kawula,saha Paduka mugi karsaa nyantosakaken pandameling tangan kawula sadaya,inggih pandameling tangan kawula sadaya punika mugi kasantosakna.

Jabur 90