Jabur 90:1-11 Kitab Sutji (JAV)

1. Pandongane Nabi Musa, abdine Allah.Dhuh Pangeran, Paduka punika dados pangungsen kawula turun-tumurun.

2. Saderengipun redi-redi kalairaken,sarta saderengipun Paduka nitahaken bumi lan jagad,wiwit kalanggengan dumugi kalanggengan Paduka punika jumeneng Allah.

3. Paduka mangsulaken manungsa dados lebu,lan dhawuh: “He para anaking manungsa, padha balia!”

4. Amargi sewu taun punika wonten ing paningal Paduka,sami kados dinten wingi sasampunipun kapengker,inggih sami kados giliraning jagi ing wanci dalu.

5. Manungsa Paduka kentiraken; sami kados ngimpi,kados tuwuhing rumput.

6. Ing wanci enjing sekar saha seger tuwuhipun,sontenipun sampun lesah lajeng alum.

7. Saestu, kawula sami sirna margi saking bebendu Paduka,saha kadhawahan giris awit saking bramantya Paduka.

8. Kalepatana kawula sadaya Paduka beber wonten ing ngarsa Paduka,tuwin piawon kawula ingkang samar wonten ing padhanging cahyanipun wedana Paduka.

9. Saestu dinten kawula sadaya sami mengker margi saking bendu Paduka,taun-taun kawula kawula telasaken kadosdene sesambat.

10. Laminipun gesang kawula sadaya punika pitung dasa taun,dene manawi kawula sami kiyat, wolung dasa taun,saha ingkang dipun gung-gungaken punika anggenipun nandhang rekaos lan sangsara,amargi lampahipun rikat sanget saha kawula sami kabur sirna.

11. Sinten ingkang sumerep karosaning bebendu Paduka,saha ajrih dhateng anggen Paduka duka?

Jabur 90