1. Kanggo lurah pasindhen. Manut lagu: Mut-Laben. Masmur anggitane Sang Prabu Dawud.
2. Kawula badhe ngunjukaken panuwun dhumateng Sang Yehuwah kalayan gumolonging manah,kawula badhe nyariyosaken sakathahing kaelokan Paduka.
3. Kawula badhe bingah-bingah sarta asumyak-sumyak awit saking Paduka,Asma Paduka kawula puji klayan masmur, dhuh Gusti,Sang Mahaluhur,
4. awit mengsah kawula sami mundur,rebah lajeng sirna wonten ing ngarsa Paduka.
5. Amargi Paduka ingkang mbelani prakawis kawula lan wewenang kawula,temah kawula angsal kaleresan,Paduka lenggah ing dhampar jumeneng Hakim ingkang adil.
6. Para bangsa sami Paduka ancam,para tiyang duraka Paduka tumpes;namanipun Paduka sirnakaken langgeng ing salaminipun.
7. Mengsah sampun sami tumpes tapis,dados gempuran ngundhuk-undhuk ing salaminipun,kithanipun sampun sami Paduka gempuri,sampun boten dipun engeti malih babar pisan.
8. Nanging Sang Yehuwah wus lenggah ing dhampar salawase,dhampare kang kaadegake iku kanggo nindakake pangadilan.