Jabur 89:43-49 Kitab Sutji (JAV)

43. Tangan tengenipun para satrunipun sami Paduka unggulaken,sakathahing mengsahipun sampun sami Paduka damel bingah-bingah.

44. landheping pedhangipun Paduka damel mbalik,Paduka boten damel supados saged tanggon wonten ing peprangan.

45. Cahyanipun Paduka suremaken,sarta dhamparipun Paduka rebahaken ing siti.

46. Dinten enemipun sampun Paduka celakaken;piyambakipun Paduka krukubi klayan kawirangan. (Selah)

47. Dhuh Yehuwah, ngantos pinten dangunipun anggen Paduka tansah wonten ing pasingidan,sarta anggenipun bebendu Paduka mulad-mulad kados latu punika?

48. Paduka mugi karsaa ngengeti menggah gesang punika sapinten ta dangunipun,punapa tanpa damel anggen Paduka nitahaken sakathahing anakipun manungsa punika?

49. Tiyang gesang ingkang pundi ingkang boten badhe ngalami pejah,ingkang saged nguwalaken nyawanipun saking pamisesaning jagadipun tiyang pejah? (Selah)

Jabur 89