Jabur 89:1-4 Kitab Sutji (JAV)

1. Kidung piwulang, anggitane Etan, wong Ezrahi.

2. Sih-susetyaning Yehuwah badhe kawula kidungaken ing salaminipun,kasetyan Paduka badhe kawula suwuraken kaliyan cangkem kawula turun-tumurun.

3. Amargi sih-susetya Paduka binangun ing salami-laminipun;kasetyan Paduka jejeg kados langit.

4. Paduka sampun ngandika: “Ingsun wus karya prajanjian kalawan pilihaningSun,Ingsun wus supaos marang Dawud, abdiningSun.

Jabur 89