Jabur 88:7-18 Kitab Sutji (JAV)

7. Kawula sampun Paduka selehaken wonten ing luwangankuburan ingkang ngandhap piyambaking salebeting pepeteng, ing papan ingkang lebet.

8. Kawula kapetek dening bentering bebendu Paduka,sampun kebyukan ing muncrating alun Paduka sadaya. (Selah)

9. Pitepangan kawula sadaya sampun sami Paduka tebihaken saking kawula,kawula sampun Paduka damel pangewan-ewan kangge tiyang-tiyang wau,kawula kinungkung boten saged medal.

10. Mripat kawula ngerong margi nandhang kasangsaran.Dhuh Yehuwah, kawula sampun sesambat dhumateng Paduka ing sadinten muputsarta sampun ngathungaken tangan kawula dhumateng Paduka.

11. Paduka punapa badhe nindakaken kaelokan kangge tiyang ingkang sami pejah?Arwah punapa badhe tangi, saha ngunjukaken panuwun dhumateng Paduka? (Selah)

12. Sih-kadarman Paduka punapa saged kacariyosaken wonten ing kubur,tuwin kasetyan Paduka wonten ing paleburan?

13. Kaelokan-kaelokan Paduka punapa saged kasumerepan wonten ing palimengan,tuwin kaadilan Paduka wonten ing nagarinipun sadaya kekilapan?

14. Nanging, dhuh Yehuwah, kawula punika sesambat dhumateng Paduka,ing wanci enjing Paduka kawula pethukaken kaliyan pandonga kawula.

15. Dhuh Yehuwah, punapaa dene kawula Paduka sebrataken,saha wadana Paduka Paduka engokaken saking kawula?

16. Wiwit alit mila kawula katindhes tuwin kaancam ing pejah,kawula sampun nyanggi pagiris ingkang saking Paduka,kawula rumaos tanpa pangajeng-ajeng.

17. Kawula katempuh ing bentering bebendu Paduka,saha kabungkem dening pagiris Paduka.

18. Punika ing sadinten muput nglimputi kawula kados toya,ngantos kemput anggen kawula kinepang.

Jabur 88