Jabur 86:5-17 Kitab Sutji (JAV)

5. Amargi Paduka punika sae, dhuh Pangeran, saha remen ngapunten,punapa malih sih-susetya Paduka punika lubertumrap tiyang ingkang sesambat dhumateng Paduka.

6. Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa miyarsakaken pandonga kawula,saha karsaa migatosaken swaraning panyuwun kawula.

7. Ing dinten karibedan kawula, kawula sesambat dhumateng Paduka,amargi Paduka karsa paring wangsulan dhumateng kawula.

8. Dhuh Allah, ing antawisipun para allah boten wonten ingkang nyameni Paduka,sarta boten wonten ingkang ngemperi pakaryan Paduka.

9. Dhuh Pangeran, sakathahipun bangsa, ingkang Paduka titahaken,sami badhe sowan sujud nyembah wonten ing ngarsa Paduka,saha badhe ngluhuraken asma Paduka.

10. Amargi Paduka punika agung saha nindakaken kaelokan-kaelokan;inggih namung Paduka piyambak punika ingkang jumeneng Allah.

11. Dhuh Yehuwah, kawula mugi Paduka tedahaken margi Paduka,supados lampah kawula manuta ing kaleresan Paduka;manah kawula mugi Paduka golongaken supados ajrih-asih dhumateng asma Paduka.

12. Dhuh Pangeran, Allah kawula, kawula badhe ngaturaken pamuji sokur kanthi gumolonging manah dhumateng Padukasaha ngluhuraken asma Paduka ing salami-laminipun;

13. amargi agung sih-susetya Paduka dhumateng kawula,saha nyawa kawula sampun Paduka luwari saking jagading tiyang pejah ingkang lebet piyambak.

14. Dhuh Allah, tiyang ingkang angkuh sami gumregah nempuh kawula,saha grombolaning tiyang gumunggung sami ngangkah dhateng nyawa kawula,sarta boten mreduli dhumateng Paduka.

15. Nanging Paduka punika, dhuh Pangeran, Allah ingkang ambek welasan saha asih,agung kasabaran Paduka saha luber sih tuwin kasetyan Paduka.

16. Kawula mugi Paduka pirsani saha kaparingana sih-piwelas,abdi Paduka mugi Paduka paringi karosan Paduka,anakipun jaler parekan Paduka mugi kaluwarana.

17. Kawula mugi Paduka paringi pratandhaning kasaenan,supados para satru kawula sami sumerep kalayan wirang,bilih Paduka dhuh Yehuwah, sampun paring pitulungan saha panglipur dhumateng kawula.

Jabur 86