Jabur 86:1-4 Kitab Sutji (JAV)

1. Pandongane Prabu Dawud.Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa nilingaken saha karsaa paring wangsulan,amargi kawula nandhang sangsara saha kesrakat.

2. Nyawa kawula mugi Paduka reksa, awit Paduka asih dhumateng kawula,Paduka mugi karsaa ngluwari abdi Paduka ingkang pitados dhumateng Paduka punika.

3. Dhuh Yehuwah, Paduka punika Gusti Allah kawula, kawula mugi Paduka welasi,amargi sadinten muput anggen kawula sesambat dhumateng Paduka.

4. Paduka mugi karsaa mbingahaken nyawanipun abdi Padukaamargi, dhuh Pangeran, nyawa kawula sumengka dhumateng Paduka.

Jabur 86