Jabur 85:1-7 Kitab Sutji (JAV)

1. Kanggo lurah pasindhen. Masmur anggitane bani Korakh.

2. Dhuh Yehuwah, Paduka sampun ngatingalaken keparenging panggalih Paduka dhumateng tanah Paduka,kewontenanipun trahipun Rama Yakub sampun Paduka pulihaken.

3. Paduka sampun ngapunten kalepatanipun umat Paduka,sakathahing dosanipun sampun Paduka tutupi. (Selah)

4. Sakathahing deduka Paduka sampun Paduka sirep,bebendu Paduka ingkang mulad-mulad sampun Paduka lilihaken.

5. Dhuh Allah, Pamarta kawula, kawula mugi sami Paduka pulihaken,Paduka mugi karsaa ngicali gerahing panggalih Paduka tumrap kawula.

6. Kawula punapa sami badhe Paduka dukani ing salaminipun,saha anggen Paduka duka punapa badhe Paduka lajengaken ngantos turun-tumurun?

7. Punapa Paduka boten karsa nggesangaken kawula sadaya malih,supados umat Paduka saged bingah-bingah margi saking Paduka?

Jabur 85