1. Kanggo lurah pasindhen. Miturut lagu: Gitit. Masmur anggitane bani Korakh.
2. Iba anggenipun nengsemaken padaleman Paduka,dhuh Yehuwah Gustining sarwa tumitah.
3. Nyawa kawula rempu margi kangen dhateng plataranipun Pangeran Yehuwah,manah kaliyan raga kawula sami asumyak-sumyaktumuju dhumateng Gusti Allah ingkang gesang.
4. Dalah peksi greja sampun manggih griya,lan peksi kedhali manggih susuh, kangge nyelehaken anakipun,wonten ing misbyah Paduka, dhuh Yehuwah, Gustining sarwa tumitah,Ratu kawula saha Gusti Allah kawula.
5. Rahayu tiyang ingkang sami manggen ing padaleman Paduka,saha tansah ngluhuraken asma Paduka. (Selah)
6. Rahayu tiyang ingkang karosanipun wonten ing Paduka,ingkang gadhah niyat badhe jiyarah.
7. Manawi lumampah wonten ing lebak Baka,punika kadadosaken panggenan ingkang wonten sumberipun;tur sinasaban ing berkahing jawah kapisan.
8. Lampahipun saya dangu saya kiyat,badhe sowan ing ngarsanipun Gusti Allah ing Sion.