1. Masmur anggitane Asaf: sawijining kekidungan.
2. Dhuh Allah, Paduka mugi sampun kendelmugi karsaa ngandika, saha sampun nganggur, dhuh Allah!
3. Amargi mengsah Paduka sami gumuruh,tiyang ingkang sami sengit dhumateng Paduka sami nglangak kumethak,
4. sami ngrantam paekan nglawan Paduka,sarta sami sakuthon badhe nglawan para ingkang Paduka ayomi.
5. Wicantenipun makaten: “Ayo kita padha nyirnakake bangsa ikusupaya jenenge Israel ora kocap maneh!”