Jabur 82:4-8 Kitab Sutji (JAV)

4. Wong kang sekeng lan kang mlarat padha pitulungana,luwarana saka ing tangane wong duraka.”

5. Iku wong kang padha ora sumurup lan ora ngreti apa-apa,padha lumaku ana ing pepeteng;sakehing tetalese bumi padha gonjang-ganjing.

6. Ingsun wus ngandika mangkene: “Sira kabeh iku allah,lan padha dadi putrane Kang Mahaluhur. --

7. Nanging sira bakal padha mati kayadene manungsa,lan bakal tiwas kayadene salah sawijining panggedhe.”

8. Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa jumeneng ngadili bumi,amargi sakathahipun bangsa punika kagungan Paduka.”

Jabur 82