Jabur 81:11-14 Kitab Sutji (JAV)

11. Iya Ingsun iki Yehuwah Allahira,kang ngluwari sira saka ing tanah Mesir,cangkemira angapna kang amba, nuli bakal Sunkebaki.

12. Nanging umatingSun ora ngrungokake marang swaraningSun,sarta Israel ora seneng marang Ingsun.

13. Mulane banjur Suntogake atine kang wangkot iku,cikben padha nglakoni sakarepe dhewe.

14. Ah, saupama umatingSun ngrungokake marang dhawuhingSun,saupama Israel ngambah ing dalan pitedahingSun.

Jabur 81