1. Kanggo lurah pasindhen. Miturut lagu: Gitit. Anggitane Asaf.
2. Padha surak-suraka kagem Gusti Allah, kang dadi kasantosan kita,padha surak-suraka kagem Gusti Allahe Rama Yakub.
3. Padha ngidunga karo trebanganlan clempungan, kang laras binarung swaraning slukat.
4. Ngunekna kalasangka ing tanggal sapisan,ing tanggal purnama ing dina riyaya kita.
5. Amarga bab iku dadi pranatan tumrap bangsa Israel,sarta dadi angger-angger saka Gusti Allahe Rama Yakub.
6. Kang pinacak dadi pepakon marang Rama Yusuf,nalika Gusti Allah miyos nglurugi tanah Mesir.Aku krungu bangsa kang aku durung tau weruh.
7. “Pundhake wus Sunuwalake saka anggone memikul,sarta tangane saka ing kranjanging pikulan;
8. sajroning karubedan sira padha sesambat, Ingsun banjur ngentasake sira,Ingsun nyembadani panyuwunira saka ing pasingidaning gludhug,Ingsun wus nyoba marang sira ana ing sacedhake banyu Meriba. (Selah)
9. He para umatingSun padha ngrungokna, Ingsun arsa paring pepenget marang sira;he Israel, manawa sira gelem ngrungokake marang dhawuhingSun.