Jabur 77:2-12 Kitab Sutji (JAV)

2. Aku arep nyebut marang Gusti Allah kalawan swara sora,kalawan swara sora marang Gusti Allah, supaya midhangetake marang aku.

3. Ing dina karubedan aku ngupaya Pangeran;ing wayah bengi tanganku dakegarake,lan ora banjur kesel,nyawaku lumuh diarih-arih.

4. Manawa aku ngangen-angen marang Allah, banjur ngadhuh-adhuh,manawa dakrasak-rasakake, nyawaku saya lungkrah lesu. (Selah)

5. Paduka damel mripat kawula tansah kelop-kelop;kawula semplah, temah boten saged wicanten.

6. Kawula manah-manah dhateng lelampahan nalika jaman kina;kawula kengetan taun-taun ingkang sampun kapengker.

7. Ing wanci dalu kawula ngenam-enam salebeting manah,kawula nggagas-nggagas tuwin nyawa kawula nlusur-nlusur:

8. “Pangeran apa iya nampik ing salawase,lan apa ora bakal paring sih-piwelas maneh?

9. Sih-susetyane apa wus sirna ing sabanjure,prasetyane apa wus tumeka ing pungkasane nganti turun-tumurun?

10. Gusti Allah apa wus kesupen marang ing pangemane,sih-piwelase apa kapunggel marga saka bebendune?” (Selah)

11. Ing kono pangucapku: “Iki kang nuwek atiku,dene astane tengen Kang Mahaluhur wis owah!”

12. Aku bakal ngeling-eling pakaryan-pakaryane Pangeran Yehuwah,inggih, kawula badhe ngengeti kaelokan Paduka kala jaman kina.

Jabur 77