Jabur 75:5-8 Kitab Sutji (JAV)

5. Ingsun ngandika marang para wong gumunggung: “Sira aja padha gumunggung.”Sarta marang para wong duraka: “Sira aja padha masang sungu!

6. Aja padha masang sungunira nganti dhuwur,lan aja calathu kalawan ndegeg!”

7. Sabab kamulyan iku pinangkane ora saka ing wetan utawa saka ing kulon,lan iya ora saka ing pasamunan,

8. nanging Gusti Allah iku kang jumeneng Hakim:nglorod wong kang siji, sarta njunjung sijine.

Jabur 75