Jabur 75:1-5 Kitab Sutji (JAV)

1. Kanggo lurah pasindhen.Miturut lagu: Aja ngrusak. Masmur anggitane Asaf. Kekidungan.

2. Kawula sami ngunjukaken pamuji sokur dhumateng Paduka, dhuh Allah, kawula sami ngunjukaken pamuji sokur,tiyang-tiyang ingkang nyebut asma Padukasami nyariyosaken pakaryan Paduka ingkang ngedab-edabi.

3. “Manawa Ingsun nemtokake wektune,Ingsun piyambak kang bakal mancasi kalawan adil.

4. Bumi lan sakehing wong saisine padha lebur;Ingsun, iya Ingsun piyambak kang njejegake cagak-cagake.” (Selah)

5. Ingsun ngandika marang para wong gumunggung: “Sira aja padha gumunggung.”Sarta marang para wong duraka: “Sira aja padha masang sungu!

Jabur 75