Jabur 73:17-26 Kitab Sutji (JAV)

17. nganti aku lumebu marang pasucening Allah,banjur nggatekake wekasane para wong mau.

18. Inggih, tiyang punika sami Paduka papanaken wonten ing panggenan ingkang lunyu,lajeng Paduka dhawahaken temah remuk.

19. Saestu sanget sangsaranipun ing sakedhap netra punika,sami sirna, tumpes margi saking pagiris.

20. Sami kados impenipun tiyang satanginipun tilem, dhuh Pangeran,samangsa tangi, rupinipun Paduka galih asor.

21. Nalika manah kawula sanget sisah,saha ginjel kawula raosipun kados tinuwek-tuwek,

22. kawula rumaos bodho saha boten mangretos,kados kewan wonten ing ngarsa Paduka.

23. Nanging kawula lestantun celak kaliyan Paduka;Paduka nganthi tangan kawula tengen.

24. Margi saking pitedah Paduka, Paduka tuntun,sarta ing wekasanipun Paduka pulung dhateng kamulyan.

25. Wonten ing swarga kawula nggadhahi sinten malih kejawi Paduka?Wonten ing bumi kawula boten melik punapa-punapa kejawi Paduka.

26. Sanadyan daging lan manah kawula telas, sirna,ing salaminipun tetep Gusti Allah ingkang dados peparang saha panduman kawula.

Jabur 73