16. Nagari mugi kaluberana taneman gandum,ingkang katingal ngombak-ombak wonten ing pucaking pareden;wohipun kajengipun mekar kados ing Libanon,wewulenipun samia mekar kados rumput ing bumi.
17. Asmanipun lestantuna ing salami-laminipun,salaminipun wonten surya asmanipun mugi saya kondhanga.Sakathahipun bangsa mugi sami berkah-binerkahana kanthi asmanipun,lan mastanana panjenenganipun rahayu.
18. Pinujia Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel,Panjenengane kang nindakake kaelokan piyambakan!
19. Sarta pinujia asmane kang mulya ing salawas-lawase,salumahing bumi kebaka ing kaluhurane.Amin, Amin.
20. Tekan samene wus tamat pandongane Prabu Dawud, putrane Rama Isai.