1. Saka Prabu Suleman.Dhuh Allah, Sang Prabu mugi Paduka paringi angger-angger Paduka,sarta kaadilan Paduka dhateng Sang Raja-putra!
2. Sageda panjenenganipun ngereh para umat Paduka klayan adil,saha para kawula Paduka ingkang katindhes, kalayan angger-angger!
3. Redi-redi sami nuwuhna tentrem-rahayu dhumateng bangsa,sarta tengger-tengger ngangsalna kaleresan!
4. Panjenenganipun mugi karsaa paring kaadilan dhumateng para tiyang ingkang katindhes, panunggilanipun bangsa punika,para tiyang mlarat sami kapitulungana,nanging ingkang nganiaya mugi sami karemuka!
5. Mugi yuswanipun pinanjangna salaminipun wonten surya,ngantos turun-tumurun, salaminipun wonten rembulan!
6. Panjenenganipun mugi kadosa jawah ingkang dhumawah ing ara-ara parumputan,sarta kados deresing jawah ingkang nyirami bumi!
7. Ing jaman sugengipun kaadilan mugi saged mekar,sarta tentrem rahayu sageda luber, ngantos rembulan sampun boten wonten malih.
8. Panjenenganipun mugi ngastaa pangwaos wiwit saking saganten dumugi saganten,tuwin saking bengawan Efrat ngantos dumugi ing pungkasanipun bumi.
9. Para ingkang manggen ing ara-ara samun sami sujuda wonten ing ngarsanipun,sarta para mengsahipun sami ndilata lebu;
10. para raja ing Tarsis kaliyan ing pulo-pulo sami nyaosana pisungsung,para ratu ing Syeba lan ing Seba sami saosa bulu-bekti!
11. Sakathahipun para raja mugi sami sujud lan nyembah dhateng panjenenganipun,sarta sakathahipun bangsa sami dadosa abdinipun!