Jabur 71:12-24 Kitab Sutji (JAV)

12. Dhuh Allah, Paduka sampun ngantos tebih saking kawula,dhuh Allah kawula, Paduka mugi enggal-enggal karsa mitulungi kawula!

13. Tiyang ingkang sami nyatru nyawa kawula mugi samia kawirangan lan sami tumpesa;ingkang ngangkah cilaka kawula mugi karobana ing kanisthan lan kawirangan!

14. Nanging kawula badhe ngantepi ing pangajeng-ajeng,saha mindhak-mindhak anggen kawula ngluhuraken Paduka;

15. cangkem kawula badhe nyariyosaken kaadilan Paduka,saha karahayon peparing Paduka ing sadinten-dinten,amargi kawula boten saged ngetang kathahipun.

16. Kawula badhe dhateng kanthi kaprawiranipun Gusti Allah,saha namung badhe ngundhangaken kaadilan Paduka.

17. Dhuh Allah, wiwit alit mila kawula sampun Paduka wulang,lan ngantos dumugi sapunika kawula tansah nggelaraken pakaryan Paduka ingkang ngedab-edabi;

18. dhuh Allah, ngantosa kawula sepuh sarta uwanen,kawula mugi sampun ngantos Paduka tilar,supados kawula saged nyriyosaken pangwaos Paduka dhumateng para turun samangke,sarta kasantosan Paduka dhateng sakathahipun tiyang ingkang badhe dhateng.

19. Kaadilan Paduka punika sundhul ing langit, dhuh Allah,Paduka ingkang sampun nindakaken prakawis-prakawis ingkang ageng,dhuh Allah, sinten ingkang kados Paduka?

20. Paduka ingkang murugaken kawula ketaman ing karibedan tuwin kasangsaran kathah,inggih badhe nggesangaken kawula malih,saha ngentasaken kawula saking telenging bumi.

21. Paduka badhe mewahi kaluhuran kawula,sarta paring panglipur malih.

22. Kawula inggih badhe nyaosaken kekidungan pamuji-sokur dhumateng Paduka kanthi swaraning slukat,margi saking kasetyan Paduka, dhuh Allah kawula.Paduka badhe kawula kidungaken masmur kanthi swaraning clempung,dhuh Ingkang Mahasuci, Gusti Allahipun Israel.

23. Lambe kawula surak-surak ngidung masmur kagem Paduka,ugi nyawa kawula ingkang sampun Paduka luwari.

24. Ilat kawula ugi badhe martosaken kaadilan Paduka ing sadinten-dinten,amargi tiyang ingkang ngangkah bilai kawula,sami badhe kawirangan lan klicutan.

Jabur 71