1. Dhuh Yehuwah, kawula ngayom dhumateng Paduka,kawula sampun ngantos kawirangan babar pisan.
2. Paduka mugi karsaa ngluwari kawula sarta mitulungi kawula,amargi saking kaadilan Paduka,Paduka mugi karsaa ngenglengaken talingan Paduka dhumateng kawula!
3. Paduka mugi karsaa dados redi parang tumrap kawula,dados papan pangauban kawula, saha beteng ingkang milujengaken kawula,awit inggih Paduka punika ingkang dados redi parang tuwin beteng kawula.
4. Dhuh Allah kawula, Paduka mugi karsaa ngluwari kawula saking tanganipun tiyang duraka,saha cangkeremaning para tiyang ingkang ambek-siya lan dakwenang.
5. Sabab, dhuh Pangeran inggih Paduka punika ingkang dados pangajeng-ajeng kawula,andel-andel kawula wiwit alit mila, dhuh Yehuwah.
6. Kawula sumendhe dhumateng Paduka wiwit wonten ing kandhutan,Paduka ingkang ngedalaken kawula saking kandhutaning biyung kawula;Paduka ingkang tansah kawula pepuji.
7. Kawula dados tandha ingkang ngeramaken tumrap tiyang kathah,amargi Paduka punika pangungsen kawula ingkang santosa.
8. Cangkem kawula kebak pamuji dhumateng Paduka,sadinten-dinten Paduka kawula luhuraken.
9. Samangsa kawula sampun sepuh, mugi sampun ngantos Paduka tampik,sampun ngantos nilar kawula manawi kakiyatan kawula sampun telas.
10. Awit kawula dipun raosi dening para satru kawula,tiyang ingkang sami ngangkah nyawa kawula sami sekuthon,
11. pangucapipun: “Wong kae wus ditegakake dening Gusti Allah,padha oyaken, nganti kecekel, awit ora ana kang mitulungi!”