1. Kidung pasambat anggitane Sang Prabu Dawud, kang dikidungake konjuk marang Sang Yehuwah, marga saka tembunge Kusy, wong Benyamin.
2. Dhuh Yehuwah, Gusti kawula, Paduka ingkang kawula suwuni pangayoman,mugi karsaa ngluwari kawula saking sakathahipun tiyang ingkang ngoyak-oyak kawula, kawula mugi Paduka luwari,
3. supados sampun ngantos nubruk kawula kadosdene singa,sarta nyered kawula, saha boten wonten ingkang nguwalaken.
4. Dhuh Yehuwah, Gusti kawula, manawi kawula tumindak makaten:manawi tangan kawula nindakaken kaculikan,
5. manawi kawula damel piawon dhateng tiyang ingkang tepangipun sae kaliyan kawula,utawi mitunani tiyang ingkang nyatru kawula tanpa sabab,