Jabur 69:3-7 Kitab Sutji (JAV)

3. Kawula ambles ing rawa ingkang lebet,boten wonten papan kangge pancadan;kawula sampun klelep wonten ing toya ingkang lebet,alun ageng ngentiraken kawula.

4. Kawula lesah margi saking anggen kawula sesambat, telak kawula garing;mripat kawula pedhes margi saking anggen kawula ngantos-antos dhumateng Gusti Allah kawula.

5. Tiyang ingkang nyengiti kawula tanpa sabab langkung kathah katimbang rambut kawula,kathah sanget cacahipun tiyang ingkang ngangkah badhe ngrisak kawula,ingkang nyatur kawula tanpa sabab;kawula dipun peksa nglintoni barang ingkang boten kawula rayah.

6. Dhuh Allah, Paduka mirsa menggah bodho kawula,kalepatan-kalepatan kawula Paduka boten kekilapan.

7. Dhuh, Pangeran, Allahing sarwa tumitah,para tiyang ingkang ngantos-antos dhumateng Paduka,mugi sampun ngantos nandhang wirang margi saking kawula.Dhuh Allahipun Israel, tiyang ingkang ngupadosi Paduka,sampun ngantos dados cacadan margi saking kawula.

Jabur 69