Jabur 69:17-29 Kitab Sutji (JAV)

17. Dhuh Yehuwah, paduka mugi karsaa paring wangsulan dhumateng kawula,awit sih-piwelas Paduka punika pinunjul,Paduka mugi karsaa mirsani kawulasalaras kaliyan sih-rahmat Paduka ingkang ageng.

18. Sampun ngantos nyingidaken wadana Paduka saking abdi Paduka,amargi kawula karupekan; mugi enggal karsaa paring wangsulan dhumateng kawula!

19. Mugi karsaa ngrawuhi kawula saha nebus kawula.Kawula mugi Paduka luwari margi saking satru-satru kawula.

20. Paduka nupiksani cacad kawula,kawirangan kawula saha kanisthan kawula.Paduka boten kekilapan dhateng mengsah kawula.

21. Manah kawula rempu margi saking panyamah,telah pangajeng-ajeng kawula;kawula ngajeng-ajeng sih-piwelas, nanging tanpa gina,sarta ngajeng-ajeng dhateng panglipur, nanging boten pinanggih.

22. Malah kawula dipun tedhani racun,sarta nalika kawula ngelak, dipun sukani anggur kecut.

23. Pekembulanipun tiyang-tiyang punika dadosa jiret wonten ing ngajengipun,lan kendhurenipun dadosa kala.

24. Mripatipun sami dadosa peteng,ngantos boten saged ningali;sarta bangkekanipun dadosa lelah-leloh!

25. Paduka mugi karsaa ngebyuki ing bebendu tiyang-tiyang punika,sarta ketamana ing mulad-mulading deduka Paduka.

26. Pemahanipun dadosa suwung,kemah-kemahipun sampun ngantos wonten ing ngenggeni.

27. Amargi sami nguya-uya tiyang ingkang Paduka gebagi,sami ngindhaki sakitipun tiyang ingkang sami Paduka tatoni.

28. Durakanipun tiyang-tiyang punika mugi Paduka wewahi,sampun ngantos sami manggih kaleresan wonten ing ngarsa Paduka!

29. Mugi kacoreka saking kitabing gesang,sampun ngantos kecathet nunggil kaliyan tiyang ingkang sampurna!

Jabur 69