8. Dhuh Allah, kala Paduka mangsah perang wonten ing ngajengipun umat Paduka,nalika Paduka tindak ngambah ing pasamunan, (Selah)
9. bumi gonjang-ganjing, malah langit nurunaken jawah wonten ing ngarsanipun Gusti Allah;redi Sinai hoyag wonten ing ngarsanipun Gusti Allah, Allahipun Israel.
10. Dhuh Allah, Paduka ngesokaken jawah kalayan mirah;siti kagungan Paduka ingkang garing Paduka pulihaken,
11. temah pepanthaning raja-kaya Paduka lajeng sami angsal panggenan wonten ing ngriku;dhuh Allah, margi saking sih-kadarman Paduka,Paduka maringi kabetahanipun tiyang ingkang katindhes.
12. Pangeran paring pangandika;wong kang padha nggawa kabar becik iku dadi wadya-bala kang gedhe.
13. Para rajane wadya-bala kabeh padha lolos, padha keplajeng,para wong wadon kang tunggu omah padha ngedum-edum barang jarahane.
14. Kowe apa padha gelem leleyeh ana ing antarane kandhang-kandhang?Swiwining manuk dara padha diselut selaka,sarta elare kaselut ing emas kang mencorong.
15. Nalika Kang Mahakawasa mbuyarake para raja ana ing kono,gunung Zalmon banjur kaudanan ing salju.
16. Gunung Basyan iku gunung kagungane Gusti Allah,gunung Basyan iku gunung kang pucake akeh!