Jabur 68:15-25 Kitab Sutji (JAV)

15. Nalika Kang Mahakawasa mbuyarake para raja ana ing kono,gunung Zalmon banjur kaudanan ing salju.

16. Gunung Basyan iku gunung kagungane Gusti Allah,gunung Basyan iku gunung kang pucake akeh!

17. He gunung-gunung kang pucake akeh, yagene kowe padha ewa mleroki gunung kang dikarsakake dening Gusti Allah dadi padalemane?Lah Pangeran Yehuwah bakal dedalem ana ing kono ing salawase.

18. Karetane Gusti Allah iku puluhan ewu,malah ewon kehe,Pangeran wus tedhak saka ing gunung Sinai lumebet ing padaleman suci.

19. Paduka sampun sumengka dhateng ing ngaluhur, mbandhangi para tiyang tawanan;Paduka nampeni pisungsung saking para manungsa,malah ugi saking para tiyang ingkang sami mbalelasupados sami manggen wonten ing ngriku, dhuh Sang Yehuwah Allah.

20. Pinujia Pangeran!Sadina-dina Panjenengane nanggel urip kita.Gusti Allah iku karahayon kita. (Selah)

21. Gusti Allah iku tumrap kita Allah kang paring karahayon,Gusti Allah, Gustiku iku ngluwari kita saka ing pati.

22. Lah, Gusti Allah ngremuk endhasing mungsuhe,pathake wong kang dhiwut-dhiwut, kang ndlarung ing sajroning kaluputane.

23. Dhawuhe Pangeran mangkene: “Bakal Sunbalekake saka ing Basyan,bakal Sungawa bali saka ing panggonan kang jero,

24. supaya sira ngwisuhi sikilira kalawan getih,sarta ilate asu-asunira uga padha oleh panduman saka mungsuhira.”

25. Dhuh Allah, tiyang sami ningali tindak Paduka mawi arak-arakan,arak-arakanipun Allah kawula, Raja kawula dhateng ing pasucen.

Jabur 68